Kata Kata Jawa Bijak


Kata Kata Jawa Bijak


Baca Juga : Kata Kata Jawa Kuno

“Mbukak ati diniati kanggo ngrubah diri ora mung supaya luwih apik saka wong liya,Nanging diniati supaya luwih apik saka kahanan saiki”

Sapa sing tansah ngliwati dina lan nglakoni apa sing ana kanti ati sing legawa,Bakal oleh hasil sing luwih kanggo uripe tinimbang wong liya

“Yen Gusti Allah paring dalan sing abot,Mesti uga wis nyepakke sepatu sing apik supaya sikil ora gampang mlocot”

Sinau dadi wong apik tanpa rumangsa luwih apik saka wong liya.Iku jenenge sinau dadi wong mulya

Ngresiki awak didusi Ngresiki klambi dikumbahi Ngemresiki ati nyedhak Gusti Ngresiki bandha dizakati utawa didum sepantese

Gusti Allah mesti maringi,Nanging dadi urusane awake dhewe bisa ngranggeh apa orane

Uwong sing rumangsa bener dhewe iku mesti wong sing salah

Yen urip mung isine isih nuruti nepsu,Sing jenenge mulya mesti soyo angel ketemu

Yen ati wis kebukak dadi dalan mlebune wahyu,Tambah kebukak pikiran lan ati kanggo mangerteni bab urip sing luwih jero

Tandane wong sing kurang pasrahe marang Pengeran iku isih seneng ngawatirke bab2 sing durung mesti kedaden alane

Saben wayah saben wektu ora leren merangi nepsu lan alane prasangka kanggo nggayuh ridhaning Pengeran sing bakal dadi sangu ngadhepi pati

Ilmu sing paling dhuwur sing diarani pasrah iku tegese nyumanggaake Gusti Allah ngatur uripe dhewe lan kabeh sing ana njerone

Ana wayahe mikir ana wayahe nglakoni,Ana wayahe ngenengke ana wayahe ngurusi

Trisnane wong tua tekan ati, saka lair tekane pati, tanpa pramprih kejaba saka gusti

Ngapusi awake dhewe kadhang kala luwih gawe lara atine dhewe tinimbang ngapusi wong liya

Gusti Allah Maha Mangerteni.Nanging ora dadi nyata yen tanpa dijaluk liwat donga lan laku sing mbenerke yen atine dhewe nampa Kuwasane

Pasa aja dienggo rekasa,Sasi pilihan kanggo matengke iman.Sing dadi senter lan nuntun marang keslametan

Rejeki iku sing penting mili,Gedhe cilike sing penting ana iline.Aja ngarep2 iline kaya banjir yen ora bisa nglangi malah klelep

Sumber : Kata Kata Gombal

0 Response to "Kata Kata Jawa Bijak"

Post a Comment